Friday, October 15, 2010

hasta sawanda

1. Pacak
Pacak iku bisa diarani cak-cakan. Dadi penari kudu duwe cak dhewe-dhewe lan bisa ngecak liyane. Kanthi mangkono penari bakal duwe ciri cak sing manteb lan mapan.
2. Pancat
Pancat iku mujudake perpindhahan gerak siji menyang gerak liyane. Luwih cethane seleh gerak utawa singget. Penari kudu ngetrapake pancat kareben gerak tarine ora nglawus.
3. Ulat
Ulat padha karo polatan. Polatan iku warna-warna, ana polatan luruh, polatan longok, polatan agal, lll., kabeh duwe aturan dhewe-dhewe. Penari kudu ngerti ulat supaya bisa milahake karakter tari siji lan sijine.
4. Lulut
Penari ngono gerake kudu lulut, mbanyu mili. Dadi wis katon ora mikir maneh marang gerak kang ditindhakake.
5. Luwes
Luwes iku hubungane karo besus. Yen panari wis wiwit manggung kudu nampilake awak kanthi besus utawa solah. Ora teges luwes iki gerake sing alus, ora nanging uga bisa gerake sing kasar pisan.
6. Wilet
Wilet iki ana hubungane karo kembangan utawa sekaran. Penari bisoa duwe wilet sing kepenak lan masing-masing penari mesthi duwe wilet dhewe-dhewe, kabeh gumantung ana keprigelan lan rasa mapane penari mau.
7. Irama
Penari kudu ngerti irama lan seleh iringan. Dadi rasa seleh gendhing lan iringan sing dienggo tari mau kudu dikuwasani.
8. Gendhing
Penari kudu bisa ngrasakake gendhing sing dienggo iringan tari mau. Kanthi mangkono penari luwih bisa menjiwai tari mau.

No comments:

Post a Comment